S.giono
Gandrung lanang
Langit blambangan kari abyang mberanang ..
Langite klawu koyo lebu
Tanah luhur isun nangis getih ..
Poro pejuang bayu hang ngerintih ,..
Blambangan ,…yo bumi blambangan ..
Isun weruh ,sambate iro
Poro pejuang bayu wes podo mbujur kaku kemul getih lan lemah ..
Isun ,..satrio blambangan hang mageh oleh kersono urip soko gusti ..
Sing arep meneng ,lan mingkem ndileng kahanan iki ..
Masio tah mung rupo omprog lan selendang .
Masio mung rupo tabuh lan gendang
Suorone isun tetep nggowo tembang perjuangan ..
Selendang isun lebih landep teko pedang ..
Omprog isun omprog sejati ..
Hang biso madangi pikiran isun ..
Pikirane wong blambangan hang gandrung ning kamulyan …
Gandrung lanang ..
Gandrung sejati ..
Ngandrungi jiwo hang suci
Kanggo tanah blambangan ,yo banyuwangi ..
( s.giano 18 april 2026 bwi )
